Assalamualaikum wr.wb. kali ini saya akan berbagi tugas membuat cerita pendek/cerpen bahasa jawa, Judul cerpen ini adalah Narno si Miliarder Pemecah Batu. Awalnya sulit si, membuat cerpen apalagi dalam bahasa jawa tapi teman saya ada yang membantu, dan akhirnya saya bisa membuat cerpen ini. Cerpen ini dibuat dalam rangka penilaian portofolio untuk akhir semester pertama doakan saya agar nilainya bagus dan ilmunya bermanfaat. Cerpen ini bukan kisah nyata tapi banyak hikmahnya, monggo di baca :
Narno Si Miliarder Mecahi Watu
Ing Desa Majumundur Berkah, ana bocah ingkang arane Narno. Narno umure enembelas tahun. Narno bocah kang becik budine lan atine. Narno gadhah adi loro, piambake anak pertama, Narno metu saking sekolah awit kelas telu SD, amargi bapak lan ibune Narno sampun pegatan lan Narno ditinggal kalian adi-adine. Senajan uripe Narno miskin, Narno sanpun kerjo kangge nguripi adi-adine. Adine Narno kembar arane Gilang lan Raffel. Gilang saiki kelas lima SD nang kelas pinter dewe, amargi sregep sinau. Raffel terkenal nang kelas paling kuat dewe lan pinter yen ngelangi. Raffel juga dodolan cireng teng sekolah kangge mbantu mase kerjo kangge nguripi piambake lan mas lan adine.Saben dinane wong telu mau urip sayah, manganbe mikir-mikir.
Jam telu isuk Narno sampun tangi, banjur niku sholah. Banjur sholat subuh Narno langsung mangkat menyan umahe Pak Lendro kangge mecahi watu teng mburi omahe. Narno mecahi watu anggo palu wesi sing gedhe. Narno dibayar perminggu, saben sak minggu dinehi upah rongpuluh ewu. Narno yen kerjo tekan sore. Alhamdulillahe dino iki dise Narno gajian amargi dinten Saptu.
“ Narno, No, rene ndok kene tak nei gaji ki dina septukan “ Pak Lendro
“ Nggeh pak sekedap. “ Narno
“Wehh ki” Pak Lendro
“ Lho ko sak mene pak.” Narno
“ Wes mboten nopo-nopo kangge njajan.” Pak Lendro
“ Niki kathahen pak.” Narno
“ Koe kui kok malah protes, niku jenenge berkah. Disukuri mawon. Mboten nopo-nopo, kangge njajan.” Pak Lendro.
“ Nggehh pak matur nuwun. Kulo tak wangsul nggeh” Narno
Narno banjur metu saking omahe Pak Lendro nguyu-nguyu mesem-mesem, lan ngakak-akak amargi dekne tembe sepisan niki di gaji tekan sejuta seminggu.Banjure diwenehi duit Narno bali maring omah lewat pasar.
Ing mburi pasar enten cah wadon sak pantare Narno ingkang numpak pit, bocahe ayu nek disawang, tapi bocah wadon kui ora biasane katon, koyo wong asing. Narno ndelengi bocah wadon mau, amargi polahe aneh lan mbingungi Narno dewe. Pas di delengi Narno bocah wadon mau mesem –mesem lan ketabrak truk sampah. Amargi niku Narno Panik lan lansung nulungi cah wadon mau, banjur di betho maring rumah sakit sing jarake kirang luwih kalih kilometer, di beto angge grobak sampah. Teng grobak rumah sakit cah wadon wau di bopong kalian satpame lan langsung di lebokke ruang gawat darurat.
Ing ruang tunggu Narno ditaken-takeni kalian sing bertugas,
“ Panjenengan sintene mbaknune ?” Petugas
“ Kulo mboten sinten-sintene mbaknyune.” Narno
“ Hmm, lha kenopo kok sampe luka kados mau mbakyune?” Petugase
“ Ketabrak truk sampah, mbakyune lagi ndlenger kadose.?
Narno nungguni cah madon wau tekan mbengi banjur adi-adine menyang maring runu, melu nungguni cah wadon mau.
“ Lho lang, fel kok bisa tekan kene?.” Narno heran lan gumun.
“ Lho mas kan sing ngajari kabeh kebecikan lan kabeh kelepatan bakalan katon, badhe di umpetke opo pak di umparke podo bae, nggeh kan Mas, warga niku podho geger mas kalian kejadian mau, lan nyebutke Narno-Narno lan Narno. Amargi niku aku takon-takon, banjur nganti tekan kene.” Gilang
“ Ngehh mas kados niku. mas ngeleh mas? kulo mbeto segomegono sambel niki mas, tumbas teng SMS ngajeng sekolah, monggo mas.” Raffel
“ Yo suwun ho, kene dewe manggan bareng bareng wae?.” Narno
Banjur niku bocah telu mau mangan bareng-bareng, sak durunge enteng mangane. Narno di dundang kalian doktere. Teng ruang dokter, doktere critani keadaanipun cah wadon mau.
“ Niki sintene makyune?’ Dokter (mandeng mripate Narno)
“Kulo mbonten sintene-sinten mbakyune.” Narno (geleng-geleng kebingungan)
“Panjenengan kenal keluargane mbakyune?” Dokter (tatapan heran)
“ Duko.” Narno (binggung lan penasaran)
“ Niki, keadaanipun mbakyune parah, tanggane tugel, gegere suek, lan kurang darah. Mbake niki kudu dioperasi sak cepete. Panjengan saget sing tanggung jawab kalian biaya mbakyune. Kangge duit pertama sejuta seket ewu. Mangke turahe saget dipipil.” Dokter
Ngrungu kados niki atine narno sedih tersedu-sedu, mbrambang, lan nangis meneng.
“Nggehh, operasine di mulai mawon angge atas namane kulo.” Narno njawab mantep.
Banjur niku Narno maring adi-adine nyeritakke kejadiane mau, lan nyaluk duit seket ewu kadi sangu lan upahe kerjo adi-adine.
“ Mas lha mas gadhah duit sak juta emang.” Gilang heran
“ Mas lha mangke kita mangan opo mas, niki mangan be susah mas.? Raffel
“ Lang mas kolo wau entuk upah sejuta, mboh kenopo Pak Lendro apikan nemen. Fell mangan niku gampang, kito kan biso kerjo maning sesok, lha niki mbakyune nek mboten di tulung sesok matine. Pripun mendingan di tolongikan, lagian mengko bakalan di bales kalian gusti Allah.”
“Nggeh mas, kulo gadhah telung puluh ewu saking tabungane kulo” Gilang mantep
“Kulo enten mas saking dodolan cireng teg sekolah kalih ewu, dadine paskan mas.?”
“Sipppp.” Narno semangat
Narno langsung maring loket administrasi lan mbayarke duite mau, sekalian tanda tangan.Narno lan adi-adine turu teng rumah sakit, teng kursi ruang tunggu. Tapi bagi Narno lan adi-adine turu teng mriki malah enak amargi enten AC-ne lan enten TV-ne mboten kados teng omahe.
Isuk-isuke sak wise sholat subuh Narno lan adi-adine culik karo wong sing anggone jas ireng lan dasi abang, sing anggo kocomoto ireng. Narno ora biso berkutik opo maning adi-adine, banjur niku di lebokke maring mobil mewah ireng. Banjur niku di gowo teng umah gedhe koyo istana, terus mlebu umahe diadepke karo wong misterius sing njagong teng kursi.banjur niku ditakeni.
“Panjenengan sinten?.” Wong misterius (kalem)
“Kulo Narno, niki adi-adi kulo, Gilang lan Raffel.” Narno (tegang)
“ Pekerjaane nopo? “ wong misterius mau.
“Kulo pegaweahe mecahi watu.?” Narno (rodo tenang)
“Sampun gadhah garwa dereng?” wong misterius mau.
“ Dereng.” Narno (heran lan bingung)
“Hmm, kulo Robert Dzakiyudin, kulo bapakke bocah sing panjenengan tulungi, panjenengan mulai saiki kerjo teng ngen kulo dadi asisten kulo lan panjenengan nikahi mawon purine kulo, manke kulo sing biayai.” Wong misterius mau
“ Mboten usah pak kulo nulungine ikklas pak.” Narno kalian mesem mesem
“ Ampun kados niku niki rezeki, ampun ditolak, disyukuri mawon.” Wong misterius mau
“ Nggeh pak matur nuwun sanget.” Narno salama kalian nunduk-nunduk
Banjur menkunu kauripane Narno lan adi-adine berubah narno saiki dadi miliarder amargi wong misterius mau menehi pegawean, lan wong misterius mau seorang pengusaha lan ilmuan sing wes dadi triliurder lan duwe kathah pulau-pulau ngone dekne. Adi-adine bisa sekolah sregep rak mikiri mangan koyo mbiyen, lan wes kejamin entuk pekerjaan nek bmesok gedhe. Senajan mengkono Narno tetep mboten angkuh lan lupa diri. Piyambake mesti wewehi duit marang Pak Lendro sing wes menehi pegawehane mbien, lan dekne seneng bagi-bagi maring sesama menungso.Sak wise bocah wadon sing di tulungi mau sembuh saking lorone, Narno lan Selena Gomhez bocah wadon mau nikah. Selenane gelem Narnone opo maning, nikah kalian bocah sing ayu, anake wong sugeh, lan tumindake apik.Narno urip tentrem lan bersyukur maring gusti Allah sing wes maringi segalane maring piambake. Sak wise kejadian mau uripe Narno lan adi-adine mboten susah.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar